Breaking

Monday, May 2, 2022

CERKAK - TRADHISI MEGENGAN

CERKAK - TRADHISI MEGENGAN


Dina iki atine krasa bungah banget, jalaran manut rantaman dheweke bakal endhang menyang omahe ing desa. Wis pirang-pirang kalodhangan manut rantaman dheweke bakal mulih menyang desa, nanging ora bisa kaleksanan amarga kagubet dening pakaryane.

 

Lamun digagas pakaryan kang kudu dirampungake iku kaya ora ana pedhote lan sudane. Pakaryan siji lagi rampung ditindakake mesthi ana pakaryan kang wis sumadya maneh. Malah kala-kala pakaryan siji durung ditindakake wis ana pakaryan liyane kang mbarengi.

 

Ora ngemungake arep endhang omah bae, nanging manut jangkane pamrentah dina Senen ngarep iku wis wiwit lumebu ing wulan Pasa. Lumrahe ing desa, lamun wis arep lumebu sasi Pasa iku ana tradhisi megengan.

 

Para warga desa akeh kang menyang pasareyan saperlu ziarah kubure leluhur. Bengine banjur ana kenduren ngujubake donga bebarengan kanggo kulawarga kang wis tinggal donya mau lan kanggo keslametan kulawarga kang isih sugeng ing alam donya.

 

Jam telu dheweke wis sumadya, kabeh barang kang kudu digawa uga wis cumawis. Dheweke bakal numpak bis bae saka terminal Bungurasih. Kekarepan iku dianggep luwih gampang lan aman, amarga ora kudu nyetiri kendharaan dhewe.

 

Ngelingi sawetara wektu kepungkur dheweke bubar nindakake saperangan pakaryan, kayata melu workshop penyelenggaraan sekolah ramah anak lan inklusi, sarta dadi pengawas UNBK.

 

Tumekane terminal Bungurasih wis nuduhake jam lima sore. Kaya padatan dheweke mesthi numpak bis Aneka Jaya jurusan kutha sewu guwa iku. Mula jam lima kudu wis teka terminal Bungurasih lan marani bis Aneka Jaya ing parkiran sisih kulon. Lamun kasep anggone teka mesthi ora oleh lungguhan.

 

“Pak, lenggahanipun taksih kosong?”

“Ya mas, isih kosong. Mangga!” semaure wong lanang setengah tuwa kang lungguh ing kursi bis sisih kiwa nomer loro saka ngarep.

“Matur nuwun pak,” pangucape Gandhi karo nglungguhake awake.

 

Bis Aneka Jaya durung nganti budhal bae wis kebak dening penumpang. Lumrah bae jalaran armada-ne pancen mung winates, yaiku saka terminal Bungurasih bis iku mung budhal kaping papat jam 08.34, 13.09, 17.53, lan 22.40, dene saka Pacitan budhal kaping papat uga jam 04.20, 09.20, 13.30, lan 23.00.

 

Kanggone Gandhi yen numpak bis Aneka Jaya iku luwih nggampangake, dheweke ora perlu mudhun ing terminal Seloaji Ponorogo lan pindhah angkutan, nanging bisa langsung mudhun ing Balong.

 

“Tindak pundi pak?”

“Pacitan mas, sampeyan ngendi?”

“Kula Balong.”

“Kerja ing ngendi mas?”

“Kula mucal ing kutha Surabaya. Panjenengan nyambut ing Surabaya ugi?”

“Aku ing Lumajang mas, ing pengadilan agama.”

 

Bis Aneka Jaya wiwit lumaku tumuju menyang jalur bis jurusan Madiun-Ponorogo-Pacitan. Ana ing ruang tunggu wis akeh penumpang kang lagi ngenteni. Penumpang semono akehe iku manut panemune salah siji penumpang bis jarene ora akeh.

 

Penumpang luwih akeh maneh nalika dina Selasa kang Rebone bakal dileksanakake pemilu wingi. Dheweke malih kelingan gunemane Prasojo kancane ngontrak.

 

“Pras, kok bali menyang kontrakan maneh?”

“Iya mas, aku arep bali numpak sepedha motor bae. Ing terminal Bungurasih penumpange mbludag kaya riyaya bae, kabeh wong tumplek blek kaya disuntak ing kana.”

“Iku tegese kabeh padha nduweni kawigaten marang pemilu, wong pilpres mung limang taun sepisan bae.”

“Iya nek arep milih mas, la nek padha plesiran?”

“Kepriye iku?”

“Wong preine nyambung karo dina Jemuwah, dene Kemise bisa padha njupuk cuti. Wis ya mas, aku budhal saiki.”

“Ya ngati-ati!”

 

Pancen lamun dipikirake pamrentah iku uga ewuh aya ing pambudi sajrone mikirake angkutan umum, kayata bis. Lamun dina biasa akeh bis mesthi padha nglondhang, budhal mulih bebasan mung nggawa sopir, kondhektur, lan kernet bae, kamangka uga tetep nganggo solar minangka bahan bakar-e.

 

Dene nalika ana preinan kaya dinane iku, apa maneh nalika usume mudhik kae mesthi bae bis-bis iku padha kuwalahan nglayani penumpang kang mbludag kaya segara manungsa.

 

Nalika jam nuduhake angka 17.53, bis Aneka Jaya sing ditunggangi Gandhi wiwit dlengser-dlengser menyat ninggalake terminal Bungurasih. Tumekane pintu pemberangkatan ana wanita kang bengok-bengok, jarene bojone durung numpak.

 

Bojone wanita mau kudu muter balik liwat bunderan Waru lan mlebu terminal saka Medaeng, amarga dalan kang biasane dicegati dening polisi. Wanita iku bisa teka terminal Bungurasih sarana numpak ojek online. Kapeksa bis kudu nunggu luwih suwi maneh.

 

“Kae loh ana wong lanang mlayu-mlayu, mbokmenawa bojone ibu mau?”

“Sing endi pak?” pitakone wanita mau.

“Kae loh bu, nganggo jaket biru!”

“Oh iya pak, kon numpak pak!”

 

Sawise penumpang padha numpak, bis Aneka Jaya wiwit ninggalake terminal Bungurasih. Bis banjur lumebu jalur kang liwat jalan tol. Mbokmenawa wis ora perlu nggolek penumpang maneh lan nyisihi dalan macet. Bis lumaku banter ninggalake kutha Surabaya tumuju kutha Pacitan.

 

Sajrone numpak bis Gandhi tansah kelingan kahanan omah kang sawetara sasi ora tau disambangi. Luwih-luwih dheweke kelingan kahanane wulan Pasa nalika dheweke isih cilik. Ing wulan Pasa mbiyen mesthi ana tradhisi megengan. Kabeh warga ing desane nggawe ambengan kang mengkone bakal digawa menyang masjid saperlu didongani lan dirahabi bebarengan karo kulawarga apadene tangga teparo.

 

Ambengan kang digawa menyang masjid ana maneka warna ubarampene. Jaman mbiyen ambengan megengan iku kanggone wong sugih mesthi ana ingkunge pitik, nanging kanggone  wong kang kesrakat cukup diwenehi lawuh sacukupe. Pancen tujuwane nggawa ambengan menyang masjid iku ora kanggo pamer karo tangga teparo, nanging malah kosok balene kanggo ngraketake taline paseduluran.

 

Wujud rumakete tali paseduluran lumantar ambengan megengan iku bisa digagas kanthi akal, wong sugih kang kulina mangan enak bisa nyisihake sethithik rejekine kanggo nggawe ambengan lan dirahabi bebarengan karo wong kesrakat kang kulina mangan pas-pasan. Wong kesrakat kang melu ngrahabi ambengan megengan iku rumangsa ketulung, dheweke bisa ngrasakake mangan enak lumantar ambengan megengan kang digawa dening wong sugih.

 

Nalika sore mau srengenge isih katon cumlorot ing bang kulon kasusul candhikala semburat abang. Wektu krasa lumaku kanthi rikat, srengenge kang prakosa nglantarake sunare menyang bumi saiki wis ora ana. Kahanane wengi mung katon kemerlipe lampu omah kang magrong-magrong sapinggire dalan.

 

Swasana wengi tansaya atis bareng lampu bis dipateni lan adheme hawa AC ngemuli kulit. Akeh-akehe penumpang bis padha turu kepati, mbokmenawa padha kesel nalika saawan muput padha ngayahi pakaryane dhewe-dhewe.

 

Senajan kaya mangkono ana penumpang kang ora bisa turu, amarga ora oleh lungguhan. Dheweke kabeh kudu ngadek, embuh nganti teka ngendi mengko anggone ora lungguh.

 

Ora kaya padatan, Gandhi isih durung bisa ngeremake mripate senajan ta awake kesel sawise nindakake pakaryan sedina mau. Pikirane isih tumlawung menyang kahanane omahe. Ing papan kana samesthine ibune tansah ngantu-antu tekane dheweke. Ora krasa lamun dheweke urip ing kutha Surabaya suwene wis meh sepuluh taun.

 

Gandhi mbiyen wiwitane ora kepengin kuliah, nanging dheweke kepengin enggal kerja sawise lulus SMA, nanging dening ibune tansah dituturi supaya mikirake kahanan iku kanthi ganep.

 

 

“Le, coba pikiren kanthi becik, apa bener kowe kepengin kerja? Jalaran lulusan SMA iku kudu kuliah dhisik supaya nduweni ketrampilan, yen mung lulus SMA bae mesthi bisane kerja sakecekele.”

“Inggih bu, kula kepengin nyambut damel mawon.”

“Manut panemune ibu, kowe kudu kuliah. Aja kaya ibumu iki sing mung lulusan SMA, amarga mbiyen ora ana ragad. Simbahmu lanang lan wadon iku wis ora ana nalika aku cilik, mula  ibumu iki mung bisa lulus SMA. La kowe isih nduwe ibu le, senajan ibumu mung minangka guru swasta, nanging kanthi pangupaya kang temenan ibu kepengin ngragadi kowe nganti lulus sarjana.”

“Nanging ragad kagem kuliah punika awis loh bu.”

“Larang ora ateges ora bisa dilakoni lan ditempuh, ibu nduweni pepenginan mbesuk kowe bisa dadi wong migunani lan bisa dadi kekudangane wong tuwa. Ibu percaya lamun manungsa iku nduweni krenteg sajroning ati, sregep sajroning tumandang, lan dikantheni donga mesthi Gusti Allah bakal ngijabahi. Kae ana unen-unen teteken tekun bakal ketekan sedyane.”

 

Jam sewelas bengi bis wis teka ing tlatah Balong. Sawise mudhun saka bis dheweke isih kudu lumaku watara pitung atus meter tumuju menyang omahe. Kanggo ngancani anggone lumaku ing dalan satengahe sesawahan dheweke muter radhio ana sajrone HP-ne arupa giyaran wayang kulit kang ngepasi bubar adegan gapuran lan bakal ngancik adegan kedhatonan utawa limbukan.

 

Keprungu swarane dhalang Ki Anom Suroto lagi caturan kanthi swara Cangik lan Limbuk. Sajrone adegan iku Limbuk ngaturake sungkem marang Cangik minangka ibune, mula swasana iku kang njalari dheweke ngrikatake jangkahe supaya enggal teka ing omah.

 

“Bu assalamualaikum.”

“Iya, sabara dhisik ya Le, dakbukakake lawang.”

 

Gandhi jomblak mangerteni kahanane ibune kang rada kuru lan bubar lara. Katon tumetese banyu eluh ing pipine. Dheweke ngaturake sungkem menyang ibune lan njaluk ngapura ora bisa endhang saben sasine. Ibune tansah bisa nampa tekane anake kanthi sabar lan sumeleh lumantar wetune esem ing lathine.

 

“Piye kahananmu Le?”

“Sae bu, panjenengan mugi tansah ginanjar kasaenan lan kasarasan nggih!”

Aamiin.”

 

Nganti jam rolas bengi Gandhi isih durung bisa turu. Dheweke coba ngrantam kahanan kang bakal kedaden sawetara dina maneh, yaiku tradhisi megengan ing desane. Dheweke kepengin mecaki swasana megengan karo ibune, ziarah kubur menyang para leluhure, lan ngrasakake ambengan megengan ing masjid cedhak omahe.

 

Ubarampe kang mesthi ana sajrone ambengan megengan, yaiku apem kang digawe saja glepung beras. Apa maneh apem kang digawe dening ibune, mesthi bakal ngangeni tumrap wong kang mangan. Manut pangendikane para winasis tembung apem iku dumadi saka tembung afuan utawa afuwwum sajrone basa Arab kang tegese njaluk pangapura. Mula ing wulan Pasa iki muga tansah pikantuk pangapuraning Gusti Allah lan bisa dadi suci maneh ing wulan Bada. Aamiin. (*)

No comments:

Post a Comment