Paramasastra Jawa iku minangka sesurupan babagan basa Jawa. Sejatine paramasastra ngrembug sakabehe sesurupan babagan basa Jawa, nanging ing kalodhangan iki ayo sinau widya tembung. Jinise tembung ing basa Jawa kaperang dadi 10 (sepuluh).
TEMBUNG ARAN (KATA BENDA)
Tembung aran yaiku sarupane tembung sing mratelakake jenenge sakehe barang utawa sing dianggep barang. Tembung aran kaperang dadi loro, yaiku:
- Barang kodrat tuladhane: manungsa, kewan, tetuwuhan
- Barang yasan dumadi saka: (1) tembung aran sing kasat mata (kata benda kongkret), tuladhane: meja,
kursi, lawang, papan tulis, kapur, tas, buku, lan sapanunggalane; (2) tembung aran sing ora kasat mata (kata benda abstrak), tuladhane: kawruh,
kabudayan, katresnan, kapinteran, gagasan, lan sapanunggalane.
TEMBUNG KRIYA (KATA KERJA)
Tembung kriya
yaiku sarupane tembung sing mratelakake penggaweyan, solah bawa, utawa obah
usik. Miturut wujude tembung kriya kaperang dadi loro, yaiku:
Tembung kriya lingga yaiku tembung lingga sing mratelakake penggaweyan, solah bawa utawa
obah-mosik. Tuladha: turu, adus, lunga, lan sapanunggalane.
Tembung kriya andhahan kaperang dadi telu, yaiku:
- Tembung kriya tanduk, yaiku tembung sing oleh ater-ater {a-}, {ma-}, lan ater-ater anuswara. Tuladha: akudhung, maguru, nulis, macul, ngarang, nyapu, lan sapanunggalane.
- Tembung kriya tanggap, yaiku tembung sing oleh ater-ater tripurusa {dak-, kok-, di-}, {ka-}, {ke-}, lan seselan {-in-}. Tuladha: daktuku, dipangan, ditulis, kawaca, kejegur, sinebut, lan sapanunggalane.
- Tembung
kriya sambawa, yaiku tembung
sing ngemu surasa pegaweyan kang durung kelakon. Tembung-tembung sambawa iku
lumrahe nggunakake ater-ater tripurusa {dak-, kok-, di-} lan panambang {-a},
{-na}, lan {-ana}. Tuladha: dakgawaa, koksilihna, dilakonana, lan sapanunggalane.
TEMBUNG KAHANAN (KATA SIFAT)
Tembung Kahanan yaiku
tembung sing mratelakake kepriye watak utawa sipat lan kahanane samubarang.
Tembung kahanan iku ora selawase tetep dadi tembung kahanan, nanging gumantung
ana ngendi panggonane ing ukara lan apa sing diterangake.
Miturut madege
ing ukara, tembung kahanan bisa madeg dadi jejer, wasesa, lan katrangan.
Jejer, yen
dumunung ing sangarepe tembung aran.
Tuladha:
- Endahe Guwa Gong
ngalahake Guwa Maharani.
- Beninge watune kaya
gelas kristal.
Wasesa, yen
dumunung ing samburine tembung aran.
Tuladha:
- Pantai Teleng Ria jembar.
- Gununge dhuwur.
Katrangan, yan dumunung ing samburine tembung kriya.
Tuladha:
- Montore mlaku alon-alon.
- Pemandu Wisata
nerangake sacetha-cethane.
Miturut
owah-owahane tembung, tembung kahanan bisa dadi tembung aran, kriya, lan
katrangan.
Tembung Aran
Tuladha:
- Larane malaria.
- Adheme kaya ing
Malang.
Tembung Kriya
Tuladha:
- Tukange lagi nduwurake tembok.
- Siti lagi nyilikake klambi.
Tembung Katrangan
Tuladha:
- Kreteg bungkuk.
- Kulit kuning.
TEMBUNG KATRANGAN (KATA KETERANGAN)
Tembung kahanan
yaiku sarupane tembung sing mratelakake tembung kriyautawa tembung kahanan (ora mratelakake tembung aran).
Tuladha: saiki,
wingi, sesuk, biyen
TEMBUNG WILANGAN (KATA BILANGAN)
Tembung wilangan
yaiku tembung sing mratelakake cacah utawa urut-urutan. Tembung wilangan
kaperang dadi rong golongan, yaiku tembung wilangan kang mratelakake cacahe
barang lan tembung wilangan kang mratelakake cacahe pepangkatan.
Tembung Wilangan Mratelakake Cacahe Barang
Tembung wilangan
kang mratelakake cacahe barang kaperang:
>> Tembung wilangan
wutuh utawa baku
Tuladha:
- 1 = siji
- 2 = loro
- 3 = telu
- 4 = papat
- 5 = lima
- 6 = enem
- 7 = pitu
- 8 = wolu
- 9 = sanga
- 10 = sepuluh
Katrangan:
- Cacah saluwihe sepuluh oleh wuwuhan -las, dene saluwihe rongpuluh oleh wuwuhan -likur, kajaba 25 (selawe).
- Cacah saluwihe telungpuluh anggone ngucapake yaiku 31 (telungpuluh siji), 32 (telungpuluh loro), 33 (telungpuluh telu), lan sateruse. Semono uga saluwihe 40 (patang puluh) anggone ngucapake yaiku 41 (patangpuluh siji), 42 (patangpuluh loro), 43 (patangpuluh telu) lan sateruse.
- Cacah tetikelane sepuluh oleh wuwuhan -puluh, kajaba 50 (seket) lan 60 (sewidak).
- Cacah tetikelane satus oleh wuwuhan -atus.
- Cacah tetikelane sewu oleh wuwuhan -ewu, wondene tetikelane yuta oleh wuwuhan -yuta.
>> Tembung wilangan
mratelakake barang sing durung genah cacahe
Tuladha: akeh,
sethithik, kabeh, lan sapanunggalane.
>> Tembung wilangan
mratelakake angka jam
Tuladha:
- 12.00 = jam rolas awan
- 23.30 = jam setengah rolas bengi
- 13.15 = jam siji seprapat awan
>> Tembung wilangan
mratelakake cacah pecahan
Tuladha:
¼ =
seprapat
½ =
setengah
0,6 = nem pradasan
0,475 =
patangatus pitung puluh lima praewon
>> Tembung wilangan mratelakake pepangkatan yaiku panganggone:
Kanggo
mratelakake pepangkatane (undha usuke) wilangan nggunakake ater-ater {ka-}.
Tuladha:
kapisan, kapindho (kaloro), katelu, kapapat, kalima, lan sapanunggalane.
Kanggo
mratelakake kaping pira anggone tumindak, tembung wilangan oleh wuwuhan kaping utawa ping.
Tuladha: kaping
pisan (ping pisan), kaping pindho (ping pindho), lan sapanunggalane.
TEMBUNG SESULIH (KATA GANTI)
Tembung sesulih
yaiku tembung sing minangka gegantine apa ta apa (upamane manungsa, kewan,
barang utawa sing dianggep barang) kang wis dimangerteni, supaya ora bola-bali
disebutake. Tembung sesulih kaperang dadi 6, yaiku:
Tembung Sesulih Purusa (Kata Ganti Orang)
Tembung sesulih
purusa kaperang dadi 3, yaiku:
>> Utama purusa
(sesulihe wong kapisan)
Tuladha: aku, kula, kawula, dalem, lan
sapanunggalane.
- Yen dadi
ater-ater: dak-/tak-
- Yen dadi panambang: -ku
>> Madyama purusa
(sesulihe wong kapindho)
Tuladha: kowe, sliramu, ndika, sampeyan, panjenengan,
lan sapanunggalane.
- Yen dadi
ater-ater: kok-
- Yen dadi
panambang: mu-
>> Pratama purusa
(sesulihe wong katelu)
Tuladha: dheweke, piyambakipun, panjenenganipun, lan
sapanunggalane.
- Yen dadi
ater-ater: di-
- Yen dadi
panambang: e-/ne-
Tembung Sesulih Pandarbe Utawa Kaduwekan (Kata Ganti Milik)
Tuladha:
- -ku = kanggo utama purusa
- -mu = kanggo madyama purusa
- -e/-ne = kanggo pratama purusa
Tembung Sesulih Panuduh (Kata Ganti Penunjuk)
>> Nuduhake barang
Wujude:
- iki/puniki: barange cedhak
- iku/kuwi/puniku: barange rada adoh
- kae/ika/punika: barange adoh
>> Nuduhake
wilangan
Wujude: semene, semono, semana, semanten, lan
sapanunggalane.
>> Nuduhake
wektu utawa wayah
Wujude: biyen, wingenane, wingi, mau, saiki, mengko,
sesuk, suk emben, mbesuk, lan sapanunggalane.
>> Nuduhake
papan utawa panggonan
Wujude:
- kene/ngriki: papane cedhak
- kono/ngriku: papane rada adoh
- kana/ngrika: papane adoh
>> Nuduhake barang
sing ora gumathok
Wujude: anu, si
suta, si naya, si ..., lan sapanunggalane.
Tembung Sesulih Pitakon (Kata Ganti Tanya)
Tembung sesulih
pitakon yaiku tembung sesulih sing nakokake wong, barang, panggonan, cacah,
wayah, kahanan, lan liya-liyane.
>> Kanggo nakokake
tembung aran (barang) digunakake tembung apa.
Tuladha:
- Apa wae
sumbanganmu kanggo korban bencana
banjir?
- Adhimu mau mangan apa?
>> Kanggo nakokake
wong digunakake tembung sapa.
Tuladha:
- Sapa wae sing
tiwas ing bencana banjir mau?
- Sumbangan beras lan obat-obatan iki kanggo sapa?
>> Kanggo nakokake
papan/panggonan digunakake tembung endi/ngendi.
Tuladha:
- Ngendi wae sing kena korban banjir lan tanah longsor?
- Sumbangan sakmene akehe iki arep kokgawa menyang endi?
>> Kanggo nakokake
cacah digunakake tembung pira utawa sepira.
Tuladha:
- Sumbangan dhuwit sing dikumpulake oleh pira?
- Sepira akehe beras sing koksumbangake?
>> Kanggo nakokake
kahanane barang utawa tumindak digunakake tembung piye, kepriye, apa sebabe
utawa geneya, lan sapanunggalane.
Tuladha:
- Piye kahanane
sing kena korban bencana alam?
- Kepriye kahanane
kulawargamu sing kena korban bencana banjir ing Padang?
- Apa sebabe kok bisa kadadeyan banjir lan tanah longsor?
- Geneya kowe mau
kok ora mlebu sekolah?
TEMBUNG SESULIH PANYILAH (KATA GANTI SANDANG)
Tembung sesulih
panyilah yaiku tembung sesulih kang dadi gantine tumrap manungsa utawa barang. Wujude
tembung: sing tumrape manungsa, kang
manasuka (lumrahe tumrap barang)
Tuladha:
- Wong sing dadi korban banjir ing Medan cacahe puluhan.
- Bungkusan kang warna putih iku isine obat-obatan.
Tembung sesulih
sadhengah yaiku tembung kang dadi gantine barang-barang kang durung genah utawa
ora gumathok. Dadi mung ateges kang umum wae.
Gatekna tuladha
ing ngisor iki!
- Mau bengi ing mburi omahku ana wong.
- Iki wis arep riyaya, kowe duwe apa?
- Sapa wae sing teka
mrene kandhanana, yen aku lagi turu.
- Tembung wong, apa, lan sapa wae durung dimangerteni utawadurung cetha arane.
- Tembung wong mratelakake sapa jenenge ora dimangerteni.
- Tembung apa mratelakake wujude sing durung genah.
- Tembung sapa wae mratelakake katrangan sing durung genah.
Yen
tembung-tembung ing nduwur iku digawe tembung dwilingga, bab durung gumathoke
saya genah banget.
Tuladha:
- Wong-wong padha
nyumbang korban bencana banjir.
- Wong sing kena musibah tanah longsor wingi wis ora duwe apa-apa maneh.
- Sapa-sapa sing arep
nyumbang bencana alam, enggal kumpulna.
Tembung-tembung
liyane kang kalebu tembung sesulih sadhengah yaiku: angger, saben-saben,
sawiji, apa wae, endi, ngendi wae, ngendi-endi, anu, sing sapa, sok sapaa, lan
sapanunggalane.
TEMBUNG ANCER-ANCER (KATA DEPAN)
Tembung
ancer-ancer yaiku tembung sing dienggo nyambung kriya karo enggon, papan,
dunung, padunungan.
Tuladha: ing,
menyang, saka, lan sapanunggalane.
TEMBUNG PANGGANDHENG (KATA SAMBUNG)
Tembung panggandheng
yaiku tembung sing dienggo nggandheng utawa nyambung gagasan loro utawa luwih.
Tuladha: lan,
karo, sarta, nanging, mulane, banjur. supaya, sanadyan, apadene, jalaran, yen,
menawa, lan sapanunggalane.
TEMBUNG PANYILAH (KATA BANTU UTAWA SANDANG)
Tembung panyilah
yaiku tembung sing dienggo menehi sesilah utawa sandhangane tembung aran sing
wis genah anane.
Tuladha: si,
sang, para, lan sapanunggalane.
TEMBUNG PANGUWUH (KATA SERU)
Tembung panguwuh
yaiku tembung sing dienggo medharake rasa pangrasa.
Tuladha: syukur,
bagus, hore, hah, heh, hlo, keparat, wadhuh, setan alas, bajingan, ut, astaghfirllah, na’uzubillah, lan
sapanunggalane.
Sugeng angudi ngelmu, nuwun! (*)
No comments:
Post a Comment