Pagelaran sandhiwara,
bisa dadi salah sawijine sarana nggegulang moral kang cocok lan trep. Amarga,
tuntunan lan wulangan ing pagelaran sandhiwara ora nduweni sipat doktriner kang meksa, ananging kanthi
lumantar nonton, ngrungokake lan ngrasakake, wewarah bab moral bisa rumesep lan
kajiwaraga. Pagelaran sandhiwara kang sumbere saka kedadeyan-kedadeyan kang ana
ing masyarakat, nduweni nile-nile kang endah, unik lan adi luhung.
Paraga utawa
tokoh-tokoh ing sandhiwara kang nduweni watak becik, bisa dadi tepa patuladhan.
Apa maneh yen pagelaran sandhiwara iku migunakake basa Jawa, mesthine luwih
akeh maneh wewarah kang bisa didudut, awit ing basa Jawa ana unggah-ungguh kang
nuntun manungsa supaya tumindak netepi tatakrama. Mula saka iku kita wajib
nelakake rasa panuwun ing ngarsane Gusti Kang Maha Welas lan Asih, awit wis
kanugrahan basa kang edi peni lan murakabi.
STRUKTUR TEKS SANDHIWARA
Minangka teks
crita naratif, teks sandhiwara nduweni struktur utawa wangunan kang dumadi
saka:
- Jejer (orientasi), yaiku perangan wiwitane crita kanggo nepungake tokoh/paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure.
- Pasulayan (komplikasi), yaiku dumadine perkara kang kudu diadhepi dening para tokoh/paraga,
- Pangudhare prakara (resolusi), yaiku pungkasan karampungane pasulayan utawa dredah.
MACA TEKS SANDHIWARA
Pamacane teks sandhiwara
beda karo pamacane teks sastra liyane, kaya teks guritan, cerkak, utawa
gancaran liyane. Anggone maca lan ngerteni teks sandhiwara utawa drama uga
beda. Menawa reriptan guritan katulis kanthi bleger baris lan pada, cerkak lan
gancaran liyane katulis kanthi bleger paragraf. Mula saka iku, pamacane teks sandhiwara
kajumbuhake karo watak paraga sajerone sandhiwara. Teks sandhiwara katulis
kanthi bleger kang dumadi saka katrangan bab:
- paraga (pawongan sing kagambarake watak lan lakune).
- antawacana (gunemane para takoh),
- swasana (latar, busana, paes)
- pituduh laku (tingkah sing kudu ditindakake paraga).
NDHUDHAH PIWULANG TEKS SANDHIWARA
Kaya dene teks
asil cipta sastra liyane, teks sandhiwara uga nduweni tuntunan-tuntunan utawa piwulang-piwulang
kang pengin diandharake dening panulis kang awujud piwulang babagan moral utawa
budi pekerti. Piwulang moral ing teks asil cipta sastra kagolong dadi papat,
yaiku:
- moral marang Gusti Kang Maha Kawasa
- moral marang sapadha-padha manungsa
- moral marang dhiri pribadi
- moral marang alam lingkungan
PAGELARAN SANDHIWARA
Supaya anggone
mentasake lakon ora nguciwani, sadurunge mentasake lakon perlu nindakake
ayahan-ayahan iki:
- Netepake tema utawa irah-irahan lakon kang arep kagelar.
- Andum gawe, yaiku netepake dhalang lan para paraga.
- Ndhudhah scenario (naskah utawa teks).
- Gladhen maca lan tingkah.
NULIS TEKS SANDHIWARA
Cengkorongan teks sandhiwara, yaiku babon ringkes cerita sandhiwara kang gunane kanggo nuntun panulis supaya asil ciptane bisa luwih apik lan temata urut-urutane. Senajan wujude ringkes, ananging pawongan kang maca cengkorongan iki kanthi gampang mahami urutane crita kang sawutuhe.
Teks sandhiwara katulis kanthi bleger kang dumadi saka:
- paraga (pawongan sing kagambarake watak lan lakune)
- antawacana (gunemane para takoh)
- swasana (latar, busana, paes)
- pituduh laku (tingkah sing kudu ditindakake paraga)
TULADHA PAGELARAN SANDHIWARA
Video iki
minangka tuladha pagelaran sandhiwara kanthi irah-irahan Andhe-Andhe Lumut.
Mangga ditonton kanthi permati!
Sugeng angudi ngelmu! (*)
No comments:
Post a Comment