Wis samesthine
para pamaos wis ngerti, apa kang diarani wayang satengahe kabudayan Jawa.
Sadurunge nyinau bab teks wayang, ayo bebarengan migatekake cuplikan teks
kakawin (puisi Jawa kuna) ing ngisor iki lan uga ngenani katrangan kang
gumathok.
“Hanânonton ringgit manangis asêkêl mudha hidêpan, huwus wruh
towin yan walulang inukir molah angucap, hatur ning wwang trêsneng wisaya
malaha ta wihikana, ri tatwa nyan maya sahana-hana ning bhawa siluman.”
Tegese:
Ana wong kang
nonton wayang, lha kok nangis, sedhih, ora karu-karuwan rasane atine. Kamangka
dheweke wis weruh, yen kang mobah mosik lan cecaturan mau, mung dhapur kulit
kang sinungging. Mangkono mau wong-wong kang banget kaiket pancandriyane, padha
ndlongop, nganti ora ngerti apa-apa. Sejatine mono,kabeh mau mung dhapur
wewayangan, sulapan kewala.
Saka cuplikan
mau, kita bisa meruhi bab-bab kaya mangkene:
- Seni pagelaran wayang (kulit) wis tuwuh lan ngrembaka nalika abad 11; taun nalika kakawin Arjuna Wiwaha mau kaanggit.
- Kawasisane ki dhalang nalika ngurip-uripi wayang bisa ndadekake penontone kepencut marang lumakune pagelaran, saengga bisa njalari sumedhot rasane, bisa nangis ngguguk kagawa swasana jrone carita wayang.
- Wayang dipercaya nduweni piguna, banget narik kawigaten, mbuh critane, juru carita utawa dhalange, utawa malah wayange mau, kang daya-dayane bisa urip lumantar kaprigelane ki dhalang.
- Nganti tumeka saiki, abad 21 kang katelah jaman globalisasi, pagelaran lan carita wayang isih lestari anane. Wewujudane wayang ing saben jamane, tansah manut jaman kelakone. Terus ngrembaka laras karo dinamikane bebrayan panyengkuyunge. Wayang tansah bisa laras karo jagad sakupenge. Carita wayang nduweni watak komunikatif, tegese tansah nyambung lan bisa ngladeni bebrayan kang bisa nampa anane.
Miturut
sejarahe, wayang purwa mujudake reriptane para wali sanga nalika ngrembakakake
piwulang agama Islam ing tanah Jawa. Panggunane wayang minangka sarana dakwah
Islam, kaleksanan saka kawicaksanane para wali sanga, kang bisa nggayutake
tradisi Hindu lan Buddha kalawan kapitayan anyar kang asipat Islami. Wayang
mujudake asiling kabudayan kang tuwuh lan tinampa bebrayan penyengkuyunge.
Kanthi crita epik utawa wira carita maneka warna, terus ngrembaka.
Ki Manteb Soedharsono dan Penggemar |
Sumbering crita,
akeh-akehe saka manca, kayata: epos Ramayana utawa Mahabharãta saka tanah
Indu (Industan). Ing tembe buri, sumber crita saya ngrembaka, kaya ta:
- Caritane Wong Agung Menak (saka Arab lan Persia)
- Carita Panji apadene Damar Wulan (epos lokal)
- Carita mawa sumber mitos agama, kaya ta critane para nabi lan rasul, sarta caritane para wali sanga lan paraga mitos Islami liyane
- Carita dongeng kayata kancil, lan sapanunggalane
Senajan watake
kabeh lakon wayang meh padha utawa ana empere, saben teks carita wayang uga ana
sambung rapete karo jinise wayang mau. Maneka warna jinise wayang, ana
sesambungane karo sumbere teks caritane. Sumber crita mau banjur mbedakake
jinise wayang, siji lan sijine.
STRUKTUR TEKS CRITA WAYANG
Lakoning crita
sajerone wayang, bisa dingerteni lumantar lakoning paraga, watak, utawa sesambungane
saben paraga, patrap lan pocape paraga. Sajrone lakon wayang, bab mau maujud
lumantar aktivitas lan makna kang kohesif
utawa trep. Sesambungan mau mangun sawijine struktur reriptan naratif. Sajrone
reriptan fiksi Jawa kang jangkep, sesambungan mau arupa struktur tematik (underane prakara), struktur
ruwang (papan tumindake lakon), struktur waktu (titi wancine sawijine lelakon
kaleksanan), lan struktur wewatakan (naratif).
Ki Manteb Soedharsono | Adegan Bedhol Kayon |
Peprincene
struktur karya bisa uga kawawas saka struktur generik, uga bisa kaperang dadi papat; yaiku: orientasi,
komplikasi, resolusi, dan koda. Kanggo niti struktur utawa wangunane teks wayang,
para siswa migatekake urut-urutan critane. Banjur perangane teks wayang kang
kowaca, pilah-pilahna adhedhasar perangan struktur generik urut-urutane
caritane, kayata:
- Pambuka (orientasi), arupa perangan pambukane carita. Perangan iki kawedhar kanggo nepungake para paragane, swasana kang dumadi, lan pamurwane lelakon, tumuju carita sabanjure.
- Pasulayan utawa konflik (komplikasi), arupa perangan teks kang isine bab ngrembakane sakehe perkara. Perkara-perkara kang diadhepi dening para paragane carita wayang mau, lan, perangan
- Pangudhare (resolusi), kabeh prakara kang dumadi mau. Perangan iki arupa pamungkasane pasulayan utawa dredah jrone carita.
- Panutup (koda), arupa panintinge dudutan dening para pamaca atau pamiyarsa.
UNSUR BASA TEKS CRITA WAYANG
Pasinaon teks carita wayang iku kalebu pasinaon bab kasusastran. Teks carita wayang kang wis disinaoni mau, kalebu jinise teks sastra kang awujud gancaran. Kejaba awujud gancaran, ana teks carita wayang kang awujud tembang macapat, kaya kang katulis sajrone naskah lawas. Ana maneh teks kang isine uga sesambungan karo carita wayang, nanging beda wujud lan jinise sastrane. Teks mau awujud balungane carita utawa pakem wayang.
Teks pakem ngono kuwi, gunane kanggo modhel utawa cengkorongan
tumrap para Dhalang, nalika makarya sajerone pagelaran wayang. Kabeh jinising
teks carita wayang kaya kang kasebut mau, akeh-akehe mesthi nggunakake
tembung-tembung Kawi utawa lelewaning basa minangka rerenggane basa pawayangan.
Menawa katiti kanthi taliti, tuladha teks crita wayang iku nduweni basa sing beda karo antarane paraga siji lan liyane. Bedane basa iku mau diarani ragam basa arupa undha-usuke basa. Dene jinise ragam mau sajrone teks pacelathon mau ana loro, yaiku ragam ngoko lan ragam krama. Panggunane undha-usuke basa mau kudu laras karo pangetrape unggah-ungguhe basa Jawa.
Undha-usuke basa dhewe, tegese
tatarane basa Jawa manut penganggone. Banjur kang diarani unggah-ungguhe basa
iku panatane basa Jawa miturut lungguhe tatakrama. Sejatine pangetrape
unggah-ungguh basa mau kanggo nglungguhake awake dhewe lan ngajeni wong-wong
sing dijak guneman, sing pancen kudu diajeni.
Baca juga :
Materi Bahasa Jawa Kelas 12 Unggah-ungguh Basa Jawa
TULADHA CRITA WAYANG
Petruk Dadi Ratu
Kacarita, ing sacedhake tapel wates praja Ngastina madeg
praja anyar kang aran Sonyawibawa. Ratune jejuluk Prabu Durtawarna ya Prabu
Gurnadur ya Prabu Thongthongsot ya Prabu Belgedhuwelbeh. Ratu mau sekti
mandraguna lan bisa ngrubah kahanan kang maune para kawula padha kekurangan uripe
dadi makmur. Akeh para kawula Ngastina kang padha pindhah menyang praja
Sonyawibawa.
Ki Manteb Soedharsono | Adegan Gara-gara |
Kahanan mau kang ndadekake nesune ratu Ngastina Prabu
Duryudana. Ratu Sonyawibawa wis wani mbalela marang Ngastina. Mula Prabu
Duryudana ngerigake prajurit saperlu nglurug perang Sonyawibawa. Nalika para
prajurit Ngastina tekan tlatah Sonyawibawa padha kaget. Sawah kang maune
cengkar dadi subur lan tandurane ijo royo-royo. Para kawula padha sengkut
makarya, ana sing ngluku, macul, ngepeki pari, lan liya-liyane. Papan kang
sadurunge rupa bangunan didadekake kandhang pitik, bebek, wedhus, sapi, kang
diduweki rakyat. Pokoke, praja Sonyawibawa ngutamakake kesejahteraan rakyate.
Nalika prajurit Ngastina mlebu kraton dipapag para punggawa
praja Sonyawibawa. Dumadi perang rame. Prajurit Ngastina kasoran yuda padha
mlayu. Prabu Duryudana kepikut dening Prabu Belgedhuwelbeh. Kanggo mbebasake
Prabu Duryudana, patih Ngastina Harya Sengkuni golek bantuwan marang para
Pandhawa. Senajan tansah mungsuhi Pandhawa, Prabu Puntadewa kersa bebantu.
Putra Pandhawa, Gathotkaca, Antasena, lan Bratasena maju perang. Nanging ora
bisa ngalahake. Kabeh padha keplayu.
Kresna kang titisane Wisnu, pretah marang Gareng lan Bagong
ngadhepi raja Sonyawibawa. Klakon perang rame, ora ana sing kalah ora ana sing
menang.
Nalika bisa kepikut, raja Sonyawibawa diudhari busanane
badhar dadi Petruk. Pranyata Prabu Belgedhuwelbeh iku sejatine Petruk. Nalika
ditakoni Kresna kok bisa dadi ratu lan sekti, Petruk matur menawa dheweke
nggawa pusaka Jamus Kalimasada. Pusaka mau ditemu merga ceblok nalika dicolong
Mustakaweni kang perang karo Bambang Priyambada. Sadurunge dibalekake marang
Prabu Puntadewa, pusaka Jamus Kalimasada dianggo ngedekake negara kang
merjuwangake rakyat cilik.
Crita Petruk dadi Ratu nduwenei pasemon kang akeh. Kayata:
pasemone wong sugih ayaran, panguwasa anyaran, pasemone kawula cilik kang
kepingin mulya, uga pasemone ratu adil iku asale saka kawula alit, lan kawula
cilik yen dipercaya dadi panguwasa pranyata uga bisa.
Sumber : Kalawarti Jaya Baya, No. 24 Pebruari 2007
Sugeng angudi ngelmu! (*)
No comments:
Post a Comment