Layang mujudake salah sijine sarana komunikasi. Senajan ing mangsa saiki wis ana sarana komunikasi kang luwih canggih, kayata: tilpun kabel, telpun seluler, internet, e-mail, SMS, media sosial, lan liya-liyane, nanging layang isih akeh digunakake masarakat kanggo sesambungan, kanggo ngirim kabar. Layang kiriman uga diarani layang iber-iber.
JINISE LAYANG
Jinise layang kiriman utawa layang iber-iber ana 6, ing antarane:
- Layang kitir yaiku layang sing isine mung saperlune wae, cekak, ditulis ing dluwang utawa kertas sakecandhake, nanging ditengeri mawa tulisan kitir.
- Layang paturan yaiku sawijine layang sing isine menehi weruh utawa ngabari samubarang sing kudu dingerteni dening wong akeh.
- Layang dhawuh yaiku layang sing isine dhawuhe wong dhedhuwuran marang andhahane (saka wong sing luwih dhuwur pangkate marang wong sangisore).
- Layang ulem layang undhangane wong sing duwe gawe (mantu, khitanan, ulang taun, lan pahargyan liyane).
- Layang lelayu layang sing isine menehi kabar kesripahan utawa wong kepaten.
- Layang ganep layang sing isine jangkep (nggunakake unggah-ungguh sing trep, nganggo; bebuka, isi, panutup, tanggal, peprenah, lan tandha tangan sarta jenenge sing ngirim).
PERANGANE LAYANG GANEP
Perangane layang ganep dumadi saka:
- Adangiyah yaiku perangan kang nyebutake marang sapa layang ditujokake.
- Purwaka basa yaiku perangan sadurunge isine layang lumrahe isi atur pambagya wilujeng.
- Surasa basa yaiku perangan isi layang utawa kang dadi wigatining layang.
- Wasana basa yaiku perangan pungkasane layang, isine nyuwun pangapura manawa ana tetembungan sing kurang prayoga.
- Titi mangsa yaiku perangan kang nyethakake wektu lan papan panulise layang.
- Paprenahan yaiku perangan kang nyethakake sapa utawa kaprenah apa kang gawe layang.
- Tapak asta lan asma panyerat yaiku perangan kang nyethakake tapak asta/tandha tangane sing kirim layang lan jenenge (nama terang) sing nulis layang.
TULADHANE LAYANG GANEP
UNSUR BASA TEKS LAYANG
Nalika nulis
layang kudu mangerteni jinise ukara sing arep dianggo. Biasane, ukara sing
dianggo nulis layang iku mau nduweni surasa dhewedhewe. Umume antarane
nyritakake kahanan, nakokake kabar, pangareparep, lan liya-liyane.
- Ukara Carita
Ukara carita (kalimat
berita) yaiku ukara kang isine nyritakake sawijining bab, kedadean, utawa
sawijining kaanan marang wong liya.
Tuladha : Ngaturi pawarta bilih ingkang wayah
sakulawarga ing Madiun tansah ginanjar wilujeng.
- Ukara Pitakon
Ukara pitakon
(kalimat tanya) yaiku ukara kang isine njaluk katrangan marang wong sing maca
utawa sing diajak guneman. Ukara iki umume migunakake tembung pitakon apa,
piye, pripun, kados pundi, sinten, sapa lan pira.
Tuladha: Pripun pawartane simbah lan pakdhe ing
Surabaya?
- Ukara Sananta
Ukara Sananta
yaiku ukara kang isine niat, karep, utawa sedya, nanging kang duwe niat utawa
sedya mau awake dhewe. Mesthi bae ukara iki durung kelakon utawa durung
katindakake jalaran isih awujud niat.
Tuladha: Kula mbenjing ndherek nyipeng watawis
seminggu.
Sugeng angudi ngelmu!
Kurang jelas
ReplyDelete