AKSARA MURDA
Aksara murda iku salah siji saka jinise aksara kang ana ing jagading tata tulis aksara Jawa. Aksara murda tegese aksara sirah utawa aksara sesirah, ing basa Indonesia diarani huruf kapital. Aksara murda gunane kanggo pakurmatan, tegese kanggo ngurmati. Sing lumrah aksara murda kanggo nulis jenenge wong lan jeneng apa wae, kalebu pangkat utawa kalungguhan.
Tata carane
nganggo aksara murda kaya mangkene.
- Aksara murda ora kena dadi sesigeging wanda, dadi ora kena dipangku lan ora kena dipasangi.
- Aksara murda cukup ditulis saaksara saben satembung, kapilih kang manggon ing ngarep, yen ora ana ya aksara burine, lan sateruse.
- Aksara murda bisa diwenehi sandhangan.
- Aksara murda dijangkepi pasangan saengga bisa dadi pasangan.
Cacahe aksara murda ana 8 (wolu), dumadi saka.
Aksara murda
mung kanggo ing tata prungu, tegese kanggo pakurmatan. Aksara murda ora kena
dadi sesigeging wanda. Ing jaman biyen kang lumrah ditulis nganggo aksara murda
asmane para luhur, jejuluke lan pedunungane minangka pakurmatan. Tuladhane,
kayata :
Kanjeng Susunan
Paku Buwana ing Surakarta Hadiningrat:
Panulise aksara
murda ing jaman saiki Prayogane kabeh jenenge wong lan jenenge titah kang
tata-caraning uripe kaya manungsa, kayata raseksa, wanara, lan sapanunggalane
kang kasebut ing crita padhalangan lan liya-liyane, katulis nganggo aksara
murda. Semono uga jenenge panggonan. Cukup nganggo aksara murda siji bae,
aksara sing ngarep dhewe. Yen aksara sing ngarep dhewe ora ana murdane, ya
aksara burine, yen burine ora ana murdane, ya burine maneh. Tuladhane, kayata :
AKSARA SWARA
Gunane aksara swara yaiku kanggo nulis tembung manca kang dicethakake,
tegese wis dianggep tembung ing basa Jawa jalaran lumrah digunanake.
Paugeran nggunakake aksara kaya mangkene.
- Aksara swara ora bisa dadi pasangan, dadi yen ana aksara sigeg ing ngarepe mula kudu dipangku.
- Aksara swara ora kena diwenenhi sandhangan swara.
- Tembung manca kang wis rumasuk basa Jawa nganti arang kang sumurup ditulis tanpa aksara swara.
Aksara swara cacahe mung ana lima, wujude kaya
mangkene.
Gunane aksara
swara dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, kayata :
Aksara swara ora
kena dadi pasangan. Manawa dumunung ing saburine wanda sigeg, aksara sesigeging
wanda iku kudu dipangku. Wondene aksara swara [pa]cerek dadine pasangan katulis
jejer karo aksara kang dipasangi. Aksara swara [nga] lelet dadine pasangan
katulis ing sangisore aksara kang dipasangi, mesthi bae pasangane pepet
dumunung ing sadhuwure aksara kang dipasangi.
Tembung manca
kang ora dicethakake, luwih-luwih tembung manca kang wis rumasuk basa Jawa
nganti arang kang sumurup yen iku tembung manca, lumrahe katulis tanpa aksara
swara. Tuladhane kayata tembung Sansekerta ”aksara” lumrahe mung katulis
prasaja, wujude kaya mangkene :
Ananging aksara
: [pa] dicerek dadi lelirune re, [nga] dilelet, dadi lelirune [le] kalebu
aksara swara, mulane banjur ana sing ngarani yen cacahe aksara swara ana pitu.
Bab iku salaras karo kawruh sengkalan, tembung swara dianggep darbe watak
wilangan pitu.
Panganggone aksara swara [pa] cerek lan [nga] lelet :
Sugeng angudi ngelmu!
No comments:
Post a Comment