Unggah-ungguh basa Jawa mujudake tatacara sajroning ulah basa tumrap bebrayan Jawa. Tetembungan unggah-ungguh uga sinebut undha-usuk, mula saperlu kanggo nggampangake pamikiran bisa diarani ana tatanan kang dumadi saka rong werna. Wernane tatanan mau bisa diarani kaya mangkene, 1) tatanan kang munggah lan 2) tatanan kang mudhun.
Tatanan munggah iku
kawujudake kanthi rasa kurmat kang ditindakake dening wong mudha marang wong
tuwa nganggo basa krama. Tatanan mudhun iku kawujudake kanthi rasa tresna kang
ditindakake dening wong tuwa marang wong mudha nganggo basa ngoko.
Unggah-ungguh basa Jawa sejatine
klebu perkara milih lan milah. Wewatone pamilihe basa, kayata:
- Wong kang ngajak guneman.
- Wong kang diajak guneman.
- Swasana sajrone guneman.
- Perkara kang digunem.
- Tujuwane guneman.
Unggah-ungguh basa Jawa mujudake
adat sopan santun ing basa Jawa. Adat sopan santun bisa mratelakake pribadine
wong Jawa lan bebrayan Jawa lumantar tatakrama lan subasita. Tatakrama mapan
ana ing basa utawa pangucap. Subasita mapan ing tindak-tanduk utawa patrap.
Kekarone ing pasrawungan bisa dipilahake, nanging ora bisa dipisahake.
Pangucap lan patrap tumrape wong Jawa kudu bisa milih lan milah lumantar
unggah-ungguh basa.
JINISE UNGGAH-UNGGUH BASA
JAWA
Bakune tembung-tembung
sajrone basa Jawa iku ana loro, yaiku tembung ngoko lan tembung krama. Lumantar
anane jinis tembung-tembung kasebut, mratandhani yen ana pamilahe tembung.
Lamun kawawas, dumadine tembung krama iku saka tembung ngoko. Saengga kanthi
kekarepan kang padha bisa diandharake kanthi rong cara, yaiku ngoko lan krama.
Jinise unggah-ungguh basa iku kaya mangkene:
Unggah-ungguh Basa miturut
Ki Padmosoesastra (1899) lan buku Karti Basa (1946)
- basa ngoko dumadi saka ngoko lugu lan ngoko andhap (basa-antya lan antya-basa)
- basa krama dumadi saka wredha krama, madya krama, lan madyantara
- krama desa
- krama inggil
- basa kedhaton
- basa kasar.
Unggah-ungguh Basa miturut
Soepomo Poedjasoedarmo (1979)
- ngoko dumadi saka ngoko lugu, basa-antya, lan antya-basa
- madya dumadi saka madya ngoko, madyantara, lan madya krama
- krama dumadi saka mudha krama, kramantara, lan wredha krama
Unggah-ungguh Basa miturut Sudaryanto ing taun 1987
- Ngoko dumadi saka Ngoko (ngoko lugu) lan Ngoko alus
- Krama dumadi saka Krama (krama lugu) dan Krama alus
TITIKAN LAN TULADHA
UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA
- Basa ngoko lugu iku basa kang sakabehe tembung nggunakake basa ngoko lugu. Tuladhane: Mau Bu Brata kongkon aku supaya menehake layang marang kowe.
- Basa ngoko alus iku basa kang nggunakake tembung-tembung ngoko lugu, nanging jejer (kowe lan dheweke) lan tembung kriyane disalini nggunakake basa krama alus. Tuladhane: Mau Bu Brata ndhawuhi aku supaya nyaosake layang marang panjenengan.
- Basa krama lugu iku basa kang nggunakake tembung-tembung krama alus, nanging jejer (kowe lan dheweke) lan tembung kriyane disalini nggunakake basa krama lugu. Tuladhane: Wau Bu Brata ngutus kula supados nyukakaken serat dhateng sampeyan.
- Basa krama alus iku basa kang sakabehe tembung nggunakake basa krama alus. Tuladhane: Wau Bu Brata ndhawuhi kula supados nyaosaken serat dhateng panjenengan.
Sugeng angudi ngelmu!
No comments:
Post a Comment