Crita rakyat iku minangka crita kang sumrambah lan sumebar ing bebrayan utawa masyarakat. Pangrembakane crita rakyat ing bebrayan bisa katitik saka sejarahe wiwit mbiyen tumakane saiki, yaiku kanthi cara lisan utawa diarani tutur tinular. Crita rakyat dicritakake dening wong tuwa, kayata simbah, bapak ibu menyang anak-putune kanggo panglipur lan sarana ngandharake pitutur.
JINISE CRITA RAKYAT
Crita Rakyat miturut isine kaperang
dadi 4, yaiku:
Legenda, yaiku crita rakyat sing gegayutan karo prastawa sejarah
lan ana sambung rapete karo sawijine paraga (tokoh), asal-usule papan utawa
panggonan, lan diyakini nate dumadi.
Tuladha: Mula Bukane Kutha Surabaya, Asal-Usule Kutha Banyuwangi, Dumadine
Gunung Tengger, lan sapanunggalane.
Mite, yaiku crita rakyat kang
dianggep suci, isine gegayutan karo bab-bab sing aneh (ajaib), paragane
Dewa/Dewi utawa manungsa setengah Dewa sing nduweni kaluwihan, lan diyakini
bener-bener dumadi.
Tuladha:Nyai Rara Kidul, Dewi Sri, Jaka Tarub lan Nawangwulan, Kamajaya
Kamaratih, lan sapanunggalane.
Sage (saga), yaiku crita rakyat sing ana
sambung rapete karo sejarah, nanging wis akeh wuwuhane campur karo khayalane
(fantasi) manungsa, nyritakake sawijine paraga sing duwe kaluwihan lan awatak
satriyatama (kepahlawanan).
Tuladha: Bandhung Bandawasa lan Rara Jonggrang, Jaka Tingkir, Arya Penangsang (Arya Jipang), Panembahan
Senapati, lan sapanunggalane.
Dongeng, yaiku crita rakyat sing isine
ngayawara utawa tanpa kasunyatan, gunane kanggo panglipur utawa ngisi wektu
lodhang. Dongeng ing bebrayan Jawa isih lestari lan diuri-uri. Dongeng kalebu
golongane crita lisan sing dilestarekake turun tumurun ing bebrayan Jawa. Ing
jaman saiki akeh dongeng sing wis ditulis ing ariwarti, kalawarti, utawa crita
rakyat awujud buku. Jinise dongeng kaperang dadi 3, yaiku:
- Fabel, yaiku dongeng sing paragane
kewan kang duwe tindak tanduk lan watak wantu kaya manungsa. Tuladha: Serat Kancil, Peksi Glathik, Dongeng Sato
Kewan, lan sapanunggalane.
- Dongeng Lugu, yaiku dongeng sing isine lucu,
sarwa aneh utawa ora klebu ing nalar. Tuladha: Jaka Kendhil, Cindhelaras, Timun Emas, lan sapanunggalane.
- Dongeng Gegedhug utawa Wiracarita, yaiku
dongeng sing nyritakake para paraga linuwih ing jaman kuna, isine akeh sing
ditambah-tambahi jalaran paraga kasebut banget dipundhi- pundhi. Tuladha: Andhe Andhe Lumut (Crita Panji Asmara Bangun
lan Kleting Kuning), Damarwulan, Lutung Kasarung, lan sapanunggalane.
Antologi Wacan Bocah Kawelasan |
STRUKTUR TEKS CRITA RAKYAT
Sawise mangerteni tegese crita rakyat, saiki coba disinaoni
strukture utawa urut-urutane crita utawa struktur teks kaya katerangake ing
ngisor iki.
- Orientasi, ana ing
paragraf kang nepungake paraga-paraga ing teks, panggonan kanthi njlentrehake
titikane.
- Komplikasi, ana ing paragraf kang njlentrehake ana prastawa, prakara kang dadi
underan crita.
- Klimaks, bisa
katitik saka paragraf kang njlentrehake prastawa lan prakara-prakara ing teks
kasebut dadi ruwet banget lan nyedhake nemokake dudutan utawa nemokake cara
kanggo ngudhari prakara kang ruwet.
- Resolusi, katitik
ing paragraf kang njlentrehake dalan/cara kang dipilih kanggo ngudhari reruwet,
bisa ndadekake apik (happy ending) bisa uga ndadekake elek (sad ending).
- Koda utawa amanat, njlentrehake dudutan
(kesimpulan), lan nilai budi pekerti umum kang bisa dituladha.
WUJUDE TEKS CRITA RAKYAT
Teks crita rakyat kalebu teks narasi. Wujude teks narasi bisa
dideleng saka perangan wewangunane utawa struktur sing bisa mangun teks
lan perangan basa kang dumadi saka panganggone tembung lan ukara. Struktur
teks narasi dumadi orientasi, komplikasi, klimaks, resolusi, reorientasi, lan
koda/amanat.
Unsur bahasa, wujud basane teks narasi rupa tembunge,
ukarane, lan wangune paragraf. Ing kalodhangan iki bakal ngrembug mligi ngenani
wangune ukara lamba lan ukara camboran, panganggone ukara langsung lan ukara ora
langsung, lan uga unggah-ungguh basa.
Tujuan panulisan lan pamacan teks narasi kuwi kanggo panglipur
sing bisa dijupuk pesan moral utawa nilai budi pekerti, lan hikmahe. Gunane teks narasi saliyane wujud medhar
gagasan lan ide, uga kanggo warisake nilai budi pekarti luhur.
BUDI PEKERTI LAN RELEVANSI CRITA
Saben crita rakyat kuwi minangka sarana kanggo marisake nilai
budi pekerti luhur marang generasi sateruse.
Nilai Budi
Pekerti utawa Pesan Moral
Nilai budi
pekerti utawa pesan moral bisa dijupuk saka isine teks kanthi njingglengi watak
lan perilakune paraga ing teks.
Tuladhane:
Ana ing crita
Sri Tanjung dicritakake tanggung jawabe Patih Sidapaksa ngayahi kewajiban,
tanggung-jawabe Sritanjung anggone ngugemi kejujurane, rasa hormate Sritajung
marang Sidapaksa, tulung-tinulung antarane Sritanjung lan Patih Sidapaksa
nalika kudu ngayahi kewajiban. Nilai budi pekerti sing tetep kudu diugemi yaiku
yen ta kadurakan mesthi bisa dikalahake karo kebecikan, sapa salah mesthi kudu
seleh, becik ketitik ala ketara, lan ngundhuh wohing pekerti.
Relevansi Isi
Crita
Teks crita
rakyat utawa legendha ing dhuwur mung salah siji saka maewu-ewu crita sing isih
ngrembaka ing satengahing masyarakat Jawa.
Tuladhane:
Sajrone crita
rakyat Sri Tanjung yen kawawas saka jaman saiki, prastawa kaya ing teks mau
bisa ditemoni ing sakiwa-tengene panguripan. Wong sing mung mburu senenge dhewe
kaya Prabu Sila Hadikrama kang sipate dumeh sugih, dumeh jabatane dhuwur,
tumindak sakarepe dhewe tanpa ngelingi panandhange liyan. Sifate Patih
Sidapaksa butarepan/cemburu ing babagan apa bae bisa ndadekake ruwet, kisruh,
memala, uga bebanten.
Sugeng angudi ngelmu. (*)
No comments:
Post a Comment